SESORAH BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Ingkang dahat kinurmatan ibu Senirah .Ugi ingkang kula tresnani kanca-kanca sedaya.Sumangga langkung rumiyin kula lan panjenengan sami munjuk ake puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung awit dumugi wekdal punika kula lan panjenengan taksih pinaringan kasarasan lan kawilujengan.Katitik ing wekdal punika kula lan panjenengan taksih pinaringan kalodhangan makempal wonten mriki.
Ibu Senirah ingkang dahat kinurmatan ugi kanca-kanca ingkang kula tresnani.Tema ingkang badhe kula aturaken inggih menika Pendidikan kangge nglestarikake kabudayaan jawi. Pendidikan menika gadahi andil inggang agung anggene nglesatriake kabudayaan jawi jalaran wonten ing pendidikan punika saged diajaraken kabudayaan jawi wiwit saking nulis jawa ngantos tembang- tembang jawa. Kabudayaan jawi menika sakniki pun sampun wonten ing jurang kepunahan jalaran sampun sekedik generasi nom ingkang tertarik lan nglestariake kabudayaan jawi .
Saking pendidikan ugi saged dipun dadosaken pembekalan para siswa babagan kabudayaaan jawi. Dadosipun para siswa lulusan sekolahan punika gadahi bekal babagan kabudayaan jawi lan siap terjun wonten ing tengah-tengahe masyarakat. Para siswa ugi saged nularaken ilmu ingkang sampun katampi saking bangku sekolahan dumateng masyarakat ingkang tasih awam babagan kabudayaan jawi lan siswa ugi saged ngangsu kawruh babagan kabudayaan jawi ingkan dereng diajarake saking sekolahan. Dadi para siswa saged nampi pasinanon kabudayaan jawi saking kalih sumber yaiku pendidikan formal utawi sekolahan lan saking masyarakat.
Wonten ing era globalissai punika sampun kathah nilai-nilai utawi adat jawi ingkang sampun musna. Lan tiang-tiang jawi sampun kagoda kawemah-mewahan lan kabebasan kang diajarake bangsa kilen, ugi gaya uripe tiang jawi sampun kengilen-ngilenan , tuladhanipun babagan klambi. Budaya jawi ingkang najaraken ngangge klambi kudu ketutup awake sakniki pun sampun kageser kaklihan budaya liberal ingkang ngajarake urip irit termasuke urusan klambi kudu ngirit bahan.
Kabudayaan-kabudayaan ingkang ajeng musna punika saged dipun slametaken kanthi peran saking sekolah ingkang gadahi peranan agung kangge pengkaderan generasi nom ingkang dameli kemampuan wonten ing kabudayaan-kabudayaan jawi utamane kabuayaan ingkang badhe musna kanthi derewangi peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan jawi punika saged lestari .
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kita kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para rencang cita-citaaken saged dipuncapai yoiku cita-cita supados budaya jawi saged lestari sakdawane jaman. Kita ampun diperbubudak kalihan budaya bangsa liya. Sakniki wekdale kangge nunjuake sinten kita niku. Kita bangsa ingkang agung bangsa ingkang gadhah ajaran luhurlan becik mangga kita sareng- sareng nglestariaken budaya kita piyambak
Sepisan malih Pangajeng-ajeng kula tumprap kanca-kanca,supados saged nglestariake budaya kita piyambak yoiku budaya jawi. Kita dadosaken budaya jawi punika budaya ingkang agung.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun .
Wassalamualaikum Wr. Wr

0 comments: